Jumat, 31 Juli 2009

Kadadean Kang Ana Gegayutane karo Paribasan

1. Arep jamure emoh watange = Gelem kepenak ora gelem rekasane
    Budi ora gelem melu kerja kelompok , nanging ndekne katutan entuk biji apik ing tugas e.

2. Becik ketitik , ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
   Gunawan di fitnah nyolong dueite Ida karo Eko , padahal Gunawan ora tau nyolongan. Barang      tas e di prikso siji-siji marang guru , malah duwite Ida mau ana ing tas e Eko.

3. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
   Pak Suharto nyalon dadi CALEG, deweke akeh ngucapke janji-jani marang rakyat sing iso          marai urip rakyate kepenak. Nanging, barang kepilih, Janji-jani ne ora ono sing ditepati.         Rakyat isih nelangsa. Malah pak Suharto kecekel korupsi duwit rakyate.

4. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
   Wong saka desa pada rame-rame lunga urbanisasi marang kota sing gedhe. Jarene, ning kota     gedhe isih akeh pekerjaan kepenak. Nanging pas tekan kota, wong-wong saka desa malah    urip terlantar.

5. Gajah ngidak Rapah = Wong sing ngelanggar wewalere dhewe.                                         Budi iku ketua kelas. Dheweke ngandhani bocah-bocah supaya aja pada rame. Padahal Budi      iku malah biang Rame.


6. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
   Jagad iku bocah sing nakal, senengane mbolos, ngerokok, ora gelem sekolah. Amargi niku,    Jagad diwetokake saking sekolah. Bapak e bingung arep nyekolahno anake ning ngendi. Ora ana   sekolah sing gelem nampa bocah nakal kaya Jagad.

7. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu    tanggung jawab
    Pak Edi iku bapak sing perilakune elek. Pak Edi ora gelem kerja. Kerjane mung judi lan      mabuk-mabukan. Pak Edi nduwe anak sing jenenge Bayu, Bayu di isin-isin kancane terus    amargi perilakune bapake.

8. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi

   Busroni lagi sibuk ngitung duwit kas. Paijan ethok-ethok arep ngerewangi, tapi malah Paijan    nyolong duwit kas iku.

9. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
    Hardi bocah sing pinter, yen lagi ndiwulang, Hardi mesti ngrungokke, makane, Biji raport e      ora tau entug 7.
 
10. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
     Bagiyo wong sing apikan, Bagiyo lagi mbagi-mbagi oleh-oleh saking guru-guru. Jatah e Bagiyo     direbut wong. Tapi Bagiyo ngikhlasno.

11. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
     Pas istirahat, Karno nulisi kata-kata pisohan ing papan tulis, nanging barang di takoki guru,      iku tulisane sapa, Karno ora gelem ngakoni.
 

12. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
     Maling mesti tekone wayah tengah wengi, pas wektu wong-wong lagi pada turu, ben      deweke ora kecekel.

13. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
     Jarwi iku wong kang ora gelem di atur-atur. Deweke ora tau nuruti hukum sing berlaku ing    negarane.
 
14. Balung Tinumpuk =anak loro dimantu tunggal dina
      Pak Nugroho kagungan anak loro. Loro-lorone di kawinke bareng ing minggu ngarep.

15. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala 
      Priyo anake wong ra nduwe, nanging Priyo bisa mlebu ing sekolah favorit amargi beasiswa       lan dadi juara kelas saben taun.

16. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati

     Bonek pada lunga menyang Jakarta kanggo ndukung klub sepakbolane. Padahal tumindak    mau ora ana gunane, mung ngeselno lan marai tukaran thok menawi kalah.
  
17. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
     Paijo nduwe cita-cita dadi dokter, nanging Paijo ora tau gelem sinau.

18. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

      Pak Agus kepengen nduwe Facebook kaya kanca-kancane, nanging Pak Agus ora patio iso    Facebook-an, makane, Pak Agus njalug warah anake sing wis canggih Facebook-an.

19. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
      Handoko bubar wangsul piknik saking Bali di ajak kanca-kancane, barang uwis tekan omah,    Handoko entuk kabar nek deweke menang pake wisata menyang Hawai.

20. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
      Hadi bar tuku laptop. Regane lumayan larang, nanging fitur-fiture ora lengkap. Hadi nyesel         ora nuruti pilihane bapake, laptop murah naging fitur-fiture lengkap.

                                                                     --000--

1 komentar: